SAWITRI-SATYAWAN Bojo sing Jodho #1

-Lakon Tresna Dewi Sawitri lan Bambang Satyawan-

Minangka bebukaning carita, ing negara Mandrapura kang uga sinebut negara Madras.

Sang Prabu Haswapati nuju miyos sinewaka kahadhep para nayakaning praja: Patih Sutiksna, Resi Sabdalaga miwah Tumenggung Sapujagad. Sinambung sebaning para abdi, mantri, bupati, demang, wedana, kliwon, panewu, nganti beg ambelabar tinon saka mandrawa kaya segara wutah ing dhedharatan.

Kacarita sang Nata dangu datan kepareng medhar sabda. Cinandra kadya badra kalingan himawan. Sang Prabu emeng labet menggalihaken atmaja putri ontang-anting, nenggih Dewi Sawitri, ingkang sampun ngancik diwasa. Muhung sajuga ingkang njalari emenging penggalih sebab kathah satriya, yuwaraja, lan narendra saking manca nagri, ingkang sami kapanduk turidhasmara temah ndhawahaken layang panglamar dhateng sang Putri Kedhaton Madras.

Parandene Dewi Sawitri dereng karsa anglanggati. Rinaos dereng wonten ingkang saged gathuk kalawan penggalihing risang Sekaring Kedhaton.

Sareng sampun sumeleh satemah wening kang rasa, sang Prabu alon angandika. Sarwa sareh kebak ing pangaribawa.

“Kakang Patih Sutiksna…,” Sang Prabu ndangu Patih Sutiksna.

“Nuwun, kula: ingkang abdi ing kepatihan, nyadhong dhawuh Paduka, Sinuwun,” atur wangsulane Patih Sutiksna kanthi patrap kang sarwa nuhoni tatakrama.

“Apa Kakang Patih ora bisa nggagapi apa sejatine sing takrasakake ing kalungguhan dina iki?”

“Wadhuh. Kula nyuwun duka, Sinuwun. Saestu kula boten wantun lancang ngrumiyin dhawuh-sabda Paduka.”

“Aku ribed mikir anakku dhewe, Kakang.”

Krungu blakane Prabu Haswapati, Patih Sutiksna ora banjur nanggapi. Sirahe tansaya tumungkul. Nanging mripate mbalang liring. Ketara aweh sasmita marang Resi Sabdalaga sing lungguh keprenah ing ngarepe. Ing sisih kiwane Prabu Haswapati.

Resi Sabdalaga cetha dudu bocah cilik. Weruh yen dilirik Patih Sutiksna, senajan mung satleraman, dheweke wis bisa nggagapi apa karepe. Mula, agahan dheweke manganjali. Dlamakan tangan kiwa-tengen ditangkepake. Caos kurmat marang ratu gustine. Lan banjur matur, “Ngger, Anak Prabu. Sewu lepatkula, saestu tadhah deduka Paduka. Lilanana, kula matur.”

“Inggih, Bapa Resi,” wangsulane Prabu Haswapati kanthi netra kang tajem. Semune ngarep-arep tekane pangentheng-entheng saka Resi Sabdagala kang pancen minangka parampara ing kraton Mandrapura.

“Kula saged ngraosaken kados menapa awratipun momong putra. Inggih pancen sarwi mawi pekewed. Langkung-langkung kados ingkang Paduka sandhang: momong atmaja putri. Tamtu kathah sanget karibedan ingkang mampir. Nggodha-ngrencana. Nanging sampun ngantos Paduka keladuk anggenipun menggalih. Kawontenanipun jagad menika sarwa jangkep, Sinuwun.”

“Tegesipun kados pundi, Bapa Resi?”

“Wonten siyang, wonten dalu. Wonten padhang, wonten peteng. Sedaya lumampah manut pepesthenipun piyambak-piyambak, Sinuwun. Mesthi badhe urut gilir-gumantos. Sami dene anjangkepi. Menawi samenika nedheng peteng, mangke tartamtu badhe gantos padhang. Mekaten ugi lelampahan ingkang saweg ngribedi penggalih Paduka, Sinuwun.”

“Lajeng…, menapa samenika sampun caket titi-wancinipun pepadhang menika timbul, Bapa Resi?”

“Sampun, Sinuwun. Sampun ngantos kuwatos. Kula-aturi ndhahar aturkula. Keparenga pitados dhateng unjuk andharan saking kula.”

“Kula pitados, Bapa Resi. Lajeng menapa ingkang kedah enggal-enggalan kulatindakaken?”

Ketara banget yen Prabu Haswapati kadereng rasa. Kemrungsung selak kepengin ngrasakake lega dening wudhare reribed ngenani putri ontang-antinge. Nanging Resi Sabdalaga sajak ora gelem katut ing swasana batine Prabu Haswapati. Sang Resi malah ketara sumeleh banget. Eseme tansaya ketara. Ulate padhang banget.

Sawise unjal ambegan dawa, Resi Sabdalaga miwiti atur wangsulan kanthi gumuyu renyah, “Hahaha…, Kula-aturi lenggah ingkang jenak, Angger Sinuwun. Paduka namung prelu paring dhawuh dhateng Patih Sutiksna saha Tumenggung Sapujagad.”

“Dhawuh menapa, Bapa Resi?” Prabu Haswapati sing sekawit wis ketara lega saiki malih goreh maneh. Semune bingung. Ora priksa apa sing kudu didhawuhake marang patih lan senapati negara Mandrapura, nuruti tetimbangane Resi Sabdalaga.

Sing ditakoni malah mung mbaleni guyu renyah, “Hahaha…,” nanging banjur matur sareh nanging manteb, “Patih Sutiksna sampun ngretos kuwajibanipun. Mekaten ugi Tumenggung Sapujagad.”

Diwangsuli ngono, Prabu Haswapati malah cingak. Panjenengane noleh ngener papan lungguhe Patih Sutiksna lan Tumenggung Sapujagad. Kekarone dipandeng tajem genti-genten.

Sing dipandeng saiki wis ora ndhingkluk kaya sadurunge mau. Patih Sutiksna wis njejegage janggute. Eseme diumbar tanpa aling-aling. Tumenggung Sapujagad sing durung monjuk atur wiwit mau mung mesem sedhela lan manthuk-manthuk kaping pindho, nyasmitani ratu gustine.

“Apa bener sing dingendikakake Bapa Resi?” Prabu Haswapati mundhut priksa sarta nuding marang Tumenggung Sapujagad.

“Inggih leres, Sinuwun. Kula saha Kakang Patih Sutiksna sampun sawega netepi jejibahan nyilakaken pedhut ngregemeng ing praja Mandrapura menika,” wangsulane Tumenggung Sapujagad.

Patih Sutiksna ngimbuhi atur, “Leres aturipun Adhi Tumenggung, Sinuwun. Namung kantun nengga dhawuh palilah, Paduka.”

“Hlo! Mengko dhisik ta…, aku durung ndhawuhi apa-apa kok wis padha arep tumandang…? Banjur apa sing arep koktindakake, heh?”

disambung sesuk nggih… bersambung 

KAOS BIJAK JAWA

Mbelinger Store Jl. Kebun Raya, No. 43,  timur Gembira Loka Zoo, Rejowinangun Kotagede Jogjakarta

http://mbejo.com/product-category/bijakjawa/

foto saking google

Sugito Ha Es

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *


*